PAMBAGYO
HARJO
Assalamualaikum Wr.Wb
Alkhamdulillahirobil'alamin
wabihinasta'inu ala umuridunya wadin,washolatu wassalamu 'ala asrofil ambya'i
wal mursalin syayidina wa habibina wa syafi'ina waquroti a'yunina wa maulana
muhammadin wa ala alihi washohbihi ajma'in ama ba'du.
- Dumateng para sesepuh, pinisepuh miwah ajisepuh ingkang satuhu kinabekten....
- Dumateng para pangemban pangembating praja ingkang tuhu pantes sinudarsana...
- Sagung para rawuh kakung sumawana putri ingkang sinugatha ing pakurmatan....
Lumintuning
pudyastawa saking gusti ingkang maha asih, ambabar daya pangaribawa ingkang
cumandhuk dateng para kawula dasih, kacihna ing salebeting kalenggahan punika
kita waged pepanggihan ing panti pahargyan punika kanthi wilujeng kalis ing
sambikala, puja-puji sasanthi sumangga kita ikraraken kanthi waosan tahmid.
Shalawat saha
salam mugi katur wonten junjungan nabi agung Muhammad SAW ingkang kita
antu-antu syafaatipun benjang wonten ing yaumul kiyamah....Allahumma Amin...
Nuhoni pamundhutipun
Bopo.....................ingkang ing wanci punika hamengku gati netepi
darmaning ngasepuh, amiwaha putra putrinipun ingkang sesilih nimas
ayu............................apalakrama kaliyan
bagus...........................atmaja kakungipun
Bopo........................ingkang pidalem ing.....................
wondene ijab lan qobulipun sampun
kaleksanan tabuh..........kanthi widodo nir ing sambikala.
Kula kadawuhan
matur ing ngarsa panjenengan sedaya, njih awit saking bombong saha bembenging
penggalihipun, panjenenganipun Bopo...............................mboten kuwawi
sowan matur ing ngarsa panjenengan sedoyo ingkang wose badhe ngaturaken
prentuling penggalihipun, pramila keparengo kula ingkamg matur pinangka
sesulihipun.
Para rawuh
ingkang minulya, sinartan sinukartaning panembrana keparenga kulo ngaturaken
sugeng basuki sa rawuh panjenengan sinartan agunging panuwun ingkang tanpa
pepindan, dene-dene panjenengan sedaya sampun kepareng paring idi pangestunipun
dumatheng temanten kekalih.
panjeneganipun
Bopo........................ugi ngaturaken gunging panuwun dumateng panjenengan
sedaya ingkang sampun kepareng paring tanda tresna miwah pambyantu ingkan
awujud punapa kemawon, bahu suku, bondho beyo serta iguh pratikel, menika
sedaya tuhu damel mongkok saha bombonging manah.
panggrantesing manah panjenenganipun
Bopo....................sagotrah hamung nyuwun dumateng gusti ingkang maha
agung, mugi lubering sih kadarman panjenengan sedaya pikantuka lelintu ingkang
satraju destum hanglangkungana.
Para rawung
ingkang minulya, sakpunika penganten kekalih sampun kula sowanaken wonten
ngarsa panjenengan sedaya, saperlu kula suwunaken tambahing pangestu wilujeng
mugi-mugi anggenipun jejodohan samangke sagedo atut runtunt rerentengan lestari
widodo mulyo ing suko rahayu.
ing wasana panjenenganipun
Bopo.........................ugi ngaturaken gunging pangaksama tumrap sedaya
kekirangan ing panti pahargyan punika,ceweting aruh pilenggahan serta pasugatan
ingkang tan saged mangun suka renaning penggalih panjenengan sedaya keparenga
sagung para rawuh ngluberna sih samudra pangaksami.
Pungkasing
atur tan jangkeping trapsila miwah subasita tumpang suh pangrakiting basa miwah
ukara anggen kula matur wiwit purwa,madya dumugi wasana keparenga kula tansah
anyadhong rumentahing pangaksama.
Akhirusalam Wabillahitaufik
wal hidayah Wassalamu'alaikum Wr.Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar